Naskah Drama Ande-Ande Lumut
ANDE-ANDE LUMUT
1.
Tema : golek garwa
2.
Cerita
apa : ande-ande lumut
3.
Ceritane
kaya piye :
panji asmara bangun mangembarra
kanggo golek pengalaman uri lan garwa sisihaning gesang. Nalika mangembara
dheweke ketemu karo mbok rondho dhadhapan, lajeng dipek anak lan dijenengi
ande-ande lumut. Mbok rondho dhadhapan golekna garwa kanggo ande-nde lumut
kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “sinden idol”. Sing melu
saembara yaiku klenting abang, klenting ijo, klenting kuning. Sanajan klenting
abang, klenting ijo ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha bedo karo
klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora
enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire klenting
kuning sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.
4.
Tokoh :
a.
Ande-ande
lumut : wicaksana,
sae penggalihipun lan satriya.
b.
Bejo :
manut marang junjungane lan lucu.
c.
Mbok
rondho dhadhapan : kasih marang putra.
d.
Mbok
rondho klenting : pilih
kasih, angkuh lan seneng nyiksa.
e.
Klenting
abang :
edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
f.
Klenting
ijo :
manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
g.
Klenting
kuning :
sabar, lan sae penggalihipun.
h.
Ibu
Peri :
welas asih.
i.
Yuyu
kangkang :
gelem nulung yen ana imbalane (pamrih).
5.
Alur
: maju konflik :
a.
Mbok
rondho klenting >< klenting kuning · mbok rondho klenting nyiksa klenting
kuning.
b.
Konflik
batine klenting kuning · rumangsa digawe susah utawa diseksa.
c.
Klenting
kuning >< yuyu kangkang · yuyu kangkang ngenyek rupane klenting kuning.
d.
Mbok
rondho dhadhapan >< klenting kuning · mbok rondho dhadhapan ora setuju
yen ande- ande lumut mlih
klenting kuning.
e.
Klenting-klenting
>< klenting kuning · klenting-klenting ngremehake klenting kuning.
6.
Setting
/ latar
- Panggonan :ing alas, ing omahe mbok rondho klenting, ing kali, ing omahe mbok rondho dhadhapan
- Wekdal : esuk, awan, sore
- Swasana : bingung, susah, gething, seneng
ANDE-ANDE LUMUT
kadadosan ing negari ingkang gemah
rimpah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Wonten salah sawijining pangeran
ingkang gesangipun sarwa kacekapan. menika putra ingkang badhe nglajengaken
jumeneng nata kerajaan. Nanging pangeran kalawau mboten marem kalih gesangipun,
Pangeran kepingin lelono. pados jati dirine ugi pengalaman gesang. Saking mriku
kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun,
inggih menika lare wadon ingkang sae ing manah lan ayu pasuryane.
Babak 1 :
( ing alas ) kalih tiyang kaneman
bagus kalihan pandhereke lumampah nglewati alas gede. Ningali kiwo tengene
mboten wonten kewan utawa peksi ingkang saget dipun buru. Sopo Kaneman bagus meniko
? monggo derek’aken carito kanti sekeco di TKP..
( Adi satrio
– Putus Cinta )
AAL : “Olah bocah-bocah, jo… bejo…
kowe neng endi? Bocah kog ngilangan.”
O… yo ( injak
bumi 3x )
Bejo : “pangeran…. Pangeran….panjenengan wonten
pundi pangeran?”
(mlampah mundur,
lajeng tabrakan nganti gelimpungan)
AAL : “aduh… pye toh jo.
Bejo : “hehehe…ngapunten pangeran… kula mboten
perso bilih panjenengan wonten
wingking kula.”
AAL : “Koe neng ndi wae dogoleki malah
ilang”
Bejo : maaf pangeran.
ALL : rene o jo
Bejo : “wonten menapa pangeran?”
AAL : “kanti sprene ra ana kewan liwat
jo?”
Bejo : “injih pangeran sepi sanget!”
AAL : “jo… sawangono ing kadohan kae,
koyo ono pawongan sing lagi golek kayu”
(Pangeran
langsung lari menghampiri Orang tersbt)
Bejo ; pundhi pangeran ? “Pangeran tungguuuu….” (lari mengejar pangeran)
AAL : “mbok mbok ?”
(ingkang
ditakoni meneng, ora njawab, repot karo kayune)
Bejo ; (Mbil ngos2an
nafasnya) “ Sinten meniko pangeran ?“
AAL : “mbok.” (pangeran
nyedak marang mbok rondho, mbok rondho kaget
weroh pangeran)
MRD : “walahdalah…. Kowe sopo ?”
AAL : “kula pengembara mbok… ngapunten
niki dusun napa?”
MRD : “iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa
neng kene?”
AAL : “kula pangembara mbok… nanging
kula nyasar mboten ngertos dalane.”
MRD : “wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le?
Tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.”
AAL : “wah… injih mbok kula purun.”
MRD : “kawit iki kowe dadi anakku. Kowe tak
jenengke ande-ande lumut ya
le?”
AAL : “inggih mbok.”
MRD : “ yen mengkono saiki derek’ake simbok bali
cah bagus “
ALL : “ monggo, kulo derek’aken mbok “
Babak 2 :
Panji asmoro bangun-pun diangkat
dados putrane simbok dhadapan, lanjut cerita ing kiring dusun dhadapan jumeneng
keluargi mbok rondo sing nggegadhahi putri kang elok pasuryane. bagaimana
tumprap lan watak keluargi mbok rondo kalihan putri2ne lan opo kaitane karo
ande2 lumut ? jangan kmana2, inilah cerita slanjutnya di TKP.
( Prawan
Tuwek )
MRK : (nembe
lelenggahan nyambi dedhaharan)
“Hem.. Rasane uripku iki
ji…an ws ora koyo uwong tenan, cobo delok
sandanganku wssarwo apik, rupaku yo
ra patek ayu, senajan o wis meh anak 3, hihihi…. manganku ae roti bolu ngombene
suu..su nganti awak bunder lemu koyo pil. ups… gk sido mengko mundak di ditaksir
pak polisi..
(mbil duduk dikursi
lihat brita)
Tipi 1 :
sugeng enjing pemirsa, kepanggihan maleh kalihan kulo, wonten adicara warta
warta paring warta, drama nembe
kawiwit panjenengan mboten pareng lungo. amargi toto ugi coro monggo
lelenggahan ingkang sekoco nderekaken warta gress kenyes2 soko abang bejo su..loyo
rupane bagus koyo boyo. Dhumateng mas boyo kulo sumanggakaken.
Tipi
2 : mbak suro ngadoh sitik kono.
“ pemirsa… !!! kagem putra wayah
simbok dhahapan ngana’aken sayembara. sinten kemawon, putri ingkang saget
dhamel klepek2 putranipun simbok dhahapan samengke bakal kawengku garwo dening
putro wayah. Semanten atur kulo, wangsul kestudio…”
“anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug!”
Klent” : “injih mbok, wonten napa?”
MRK : “ngene ndug, ana warta sing penting banget.”
KA
: “warta apa ta mbok?” (dewasa)
KI
: “inggih mbok enten napa
ta?”
(manja, nyedak karo
nyekel tangane mbok rondho klenting)
sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MRK : “kowe ngerti o ndok… mbok rondho
dhadhapan sing duwe anak bagus
banget, jenenge ande-ande lumut?”
Klent” : “owh…ande-ande lumut…bagus!!! Wah gelem no.”
MRK
: “iya… mbok rondho dhadhapan gawe
saembara kanggo
anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa
pendamping.”
Klent” : “wah… purun sanget mbok.”
MRK : “iya… mengko mbok arep dandani sliramu
kabeh supaya dadi putri sing
ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut.
Klent” : “inggih mbok.. Purun.”
KA : “wah mesti aku sing dipilih
mengko, kan aku ayu…”
KI : “ora iso! Mesti aku sing
dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”
mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune
mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”
KA : “heh!! Aku kan luwih tua saka
sliramu…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu!”
MRK : “wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok
kan ayu-ayu, rasah do udur!!
Gek neng njero,,siap-siap dandan!!”
Klent” : “injih mbok…”
Klenting abang lan klenting ijo
ninggalke mbok rondho lan mlebu kamare dewe2. Klenting kuning kawit wau
mirengake pirembugke simbok lan sedherekipun. Klenting kuning banjur madhep
mbok rondho lan matur opo kang dadi unek2 atine marang mbok rondho.
KK : “mbok… Bilih dikeparengaken kula
badhe matur.”
MRK : “matur apa….? Apa kowe wes rampung
nyapune?”
KK : “sampun mbok,
MRK : wis gagih matur o
KK : mekaten mbok… kula inggih
kepingin ndherek sayembara supados dados
garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu
klenting.”
MRK : “owh ya wis…rene tak dandani kowe.”
(mbok rondho menehi
angus lan ambu-ambu kang ora enak marang klenting kuning)
MRK : “ya wis sakiki kowe ngumbahi
klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok
neng mburi kono.”
(mbok rondho nyurung
klengting kuning kanthi kasar banget)
KK : “injih mbok…”
(klenting kuning
ninggalno mbok rondho lan mlaku marak pawon)
MRK : “heh… muga-muga sing ditrima dadi garwane
ande-ande lumut iku
salah sijine anak-anakku”
Babak : 3
Klenting kuning nampi menapa ingkang
dipun utus dening mbok rondho lan dilampahi kanthi sabar ing omahe
klenting-klenting.
klenting kuning ngraosaken uripe
sing tansah nelongso kasikso marang simbok lan sedulur”e. tumadak wayah ngumbah
klambi ono kedadean sing ora disongko2. Kejadian opo iku ? monggo pirsani di
TKP..
( Kitaro –
Silver Moon )
KK : “yaa Allah… pacoban menopo maleh kedah
kawulo tampi, awrat anggenipun kawula ngenger, tumindak durjono ingkang kawulo
tampi, kawulo lampahi kanti sabar,, ya Allah.. kawulo nyuwun putedah…!!!”
( Lighting Strike )
IP
: “hei… cah ayu.”
KK : “meniko sinten?” ( menunduk menutup mata )
IP : “sliramu rasah wedi, aku iki
widodari sing arep bantu awakmu!”
KK : “ oh ibu peri ?”
IP : “uwis.. ojo susah atimu
anakku, ojo bog trus2ke anggonmu nyandang leloro.
Ing dino iki sliramu bakal keparingan pusaka…
KK : pusoko ??
IP : mugo-mugo pusaka iki keguna
kanggo sliramu. Iki jenenge jimat
kalimosodo. Tampanen cah ayu.”
IP : “ati-ati, gunakno pusaka kuwi
kanggo kabecikan. Ibu peri balik dulu
kekayangan!”
( cling… ninggalno
klenting kuning bali neng kahyangan )
KK : “inggih ibu peri, pangestune ibu
peri.”
( klenting kuning
enggal2 nyusul sedulure nderek sayembara )
Babak 4
Mergo tulus atine klenting kuning
banjur kajumenengan pusoko soko gusti, ing salah sawijining kali ingkang
toyonipun santer banget, wonten mriku sang julik si yuyu kangkang gesang. Bisakah
para klenting melewati kali tersebut ? monggo pirsani di TKP.
(yuyu kangkang sing njaga lepen lagi mondar-mandir ngawasi
menawa ana wong teko)
KK : “wah… kaline banjir.”
KI : “iya mbakyu… piye carane awake
dewe nyebrang??” Bisa-bisa awake dhewe
ora sido melu sayembarane mbok rondho
dhadhapan?!”
KA : “kosek-kosek…kae ana yuyu
kangkang ta?”
KI : “wah…iya…ayo njaluk tulung
yuyu kangkang wae mbakyu.”
KK : “iya …yuyu kangkang… yuyu
kangkang…”
YK : “hohohoho….godong waru bolong-bolong…
bocah ayu kok
moblong-moblong…. “hahaha… ana apa cah
ayu-ayu?”
KA : “yuyu kangkang… aku njaluk
tulung kowe….tulung sebrangke aku lan
adiku lewat kali iki…”
YK : “wah…abot banget kuwi. Iso
nanging enek syarate cah ayu….enek imbalane.”
KA : “imbalane apa ta…kon mbayar
nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata
duwitan!”
KI : “ya wes lah yen duwit gampang….mengko
tak bayar..”
KA : “ya… piro jalukmu mengko tak
bayar!!”
YK : “dudu duwit…aku rak doyan….
Hahaha”
Klent : “prett…”
YK : “imbalane yaiku nganggo tanganmu..”
KA : “apa tanganku???Ameh bok
kapakne ??”
YK : “ora tak kapak-kapakne… mung
tak ambung sitik…”
KA : “heeeee!!! Apa?”
KI : “iihhhhh,,,emohh ahh….gilani…”
KA : “iya,,apa ra enek imbalan
liyane..??Mosok pipiku sing mulus iki bok
ambungi??Hiiiii” (
Didi Kempot – Mesti Penak )
YK : “ya wis yen wegah…yen suwe-suwe
mengko imbalane nambah…”
(klenting abang, ijo
padha rembugan)
KA : “ya wis,,,tapi neng tangan
wae,,sedulit tok….”
(yuyu kangkang
nyebrangke klenting abang, ijo lan biru kanthi giliran)
YK : “wah…seneng banget aku iso ngambung
tangane cah wadon ayu-ayu..” (klenting kuning teko
arep nyabrang)
KK : “wah… kok banjir ta ? Piye
carane aku iso nyebrang ?? kae enek yuyu
kangkang. Yuyu kangkang… yuyu kangkang
mreneo.
YK : “hohoho.. Apa kuwi??.. Ambune
rak enak,,,rupane elek banget.”
KK : “Aku njaluk tulung sebrangne
kali iki.”
YK : “hahaha… apa sebrangke ? aku
wegah.”
KK : “mengko tak wenehi duwit…”
YK : “aku wegah… wes kono lunga..
Aja rene meneh! Dasar wong wadon elek.”
KK : “alah…kowe kok jahat ta yuyu
kangkang…”
(klenting kuning
ngetokno pusakane)
YK : pokok e emoh
KK : “ya wis yen kuwi karepmu. Aku
arep gawe kali iki asat.”
YK : “hahaha apa ya iso, ngipi…
“sing arep bok asat.ke opo ?” ki kan neng dhuwur
panggung gak ono banyune, weeekkkk……
KK : yo wis yen ngunu tambah
nggenah, good bey yukang yuyu bogang, weeekkk.
Babak 5
Akhirny klenting kuning saget
nyebrangi kali kang dadi jumenenge yuyu kangkang. Bagaimanakah kisah
selanjutnya dan sinten kang bakal kawengku dene si ande2 lumut ? monggo
nderek’aken di TKP..
( Rita
Sugiarto – Gethuk )
MRD : duh dino iki rasane atiku mboh pokok e,
seneng enek, bungah enek, bahagia
nambah enek, nangeng sing
tak gumuni susah e ki kog yo ijek enek. Pe ra
susah pye jal ? dwe anak
rupane bagus, dedekke luweh 120cm, gumunku
maneh, anak umur 10
tahun kog ws jalok rabi. Gumunku peng 3 ngelu iki
wetengku..
KK : “assalamu’alaikum…”
MRD : “wa’alaikumsalam…sapa ya?”
KA : “kula mbok… klenting abang.”
KI : “kula klenting ijo mbok..”
MRD : “wah.. Cah wadon ayu-ayu…arep ngapa iki?”
KK : “badhe melu sayembara supaya
bisa dadi garwane ande-ande
lumut mbok…”
MRD : “owalah… arep melu sayembara ta… “
Klent” : “inggih mbok..”
MRD : “Sek ya tak omongke ande-ande lumut ”
Klent” : “oke… siaaaaaaappp!” (banjur
mbok rondho nyanyi)
MRD : “putraku si ande-ande lumut.. Temuruna ana
putri kang unggah-unggahi…
putrine ngger sing ayu rupane… klenting abang
iku kang dadi asmane.”
AAL : “duh ibu…kula mboten purun.. Duh
ibu… kula mboten meduun.. Najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
MRD : “putraku si ande-ande lumut…temuruna ana
putrid kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane.. Klenting ijo iku
kang dadi asmane.”
AAL : “duh ibu… kula mboten purun..
Duh ibu… kula mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
KA : “wah kurang ajar kuwe kuwi… aku
ayune ngene diarani sisane yuyu
kangkang.”
MRD : “wah ya padha ora gelem ki nduk.” Duh tole
wong ayu2 loro kog ditampik
kabeh
(klenting kuning teko mara ing omahe mbok rondho dhadhapan)
KK : “assalamu’alaikum…”
MRD : “wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?”
KK : “kula klenting kuning mbok…
Kulo injih badhe ndherek sayembara supaya bisa
dadi garwane ande-ande lumut.”
MRD : “apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku?
Ora salah ta kuwe iki?”
KA :
“lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa
mneh kuwe?”
KK : “dicobi Rumiyen mbok…”
MRD :“putraku si ande-ande lumut…temuruna ana
putrid kang
unggah-nggahi…putrine kang ala rupane…
klenting kuning iku kang dadi
asmane.”
AAL : “duh ibu…kula inggih purun…dalem
putra inggih badhe medun…najan ala
menika kang putra suwun.”
MRD : “lho…apa ra salah le tole?”
AAL : “mboten mbok…niki sampun dadi
pilihane kula.”
(klenting-klenting kusak-kusuk)
MRD : “owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut
wae.”
AAL : “mbok, mbok bilih dikeparengaken
ingkang putra badhe waloko marang
simbok”
MRD : “apa kuwi ngger?”
AAL : “sejatinipun kulo meniko putro
saking Kediri ingkang jejulok panji asmoro
bangun saking Kediri, kulo medal saking
keraton kidiri kepengen mengertosi medalipun sisihan kulo diajeng sekartaji
inggih meniko klenting kuning.”
Klent” : “haaa!!!...??? Pangeran???
(klenting-klenting semaput)
Pungkasane dua sedjoli meniko
bersatu kembali nanging kepisah maleh wangsul wonten arsaning tiang sepuh
piambak2 , dan hidup bahagia kanti kaki lan nini. Mekaten crito ingkang saget
kito aturaken bilih wonten kekirangan anggenipun nyaos’aken keparengo poro
piwulang paring agunging samudro pangaksama. Ingkang pungkasan neng kene gunung
neng kono gunung, wayange bingung hla dalah dalange tambah bingung
Komentar
Posting Komentar