Naskah Drama Roro Jonggrang


Assalamuallaikum Warohmatullohi Wabarokatuh…

RORO JONGGRANG

Sugeng . . . poro pamiarso, poro undangan, poro sepuh kakung wono putri ingkang tansah kinurmatan, sedoyo panitia jamran lan poro kadang tuo pembina ugo pendamping gudep se-kecamatan Kedewan ingkang tansah kinurmatan. Poro kadang penggalang gugus SATYA DHARMA BHAKTI lan adik2 siaga ingkang kawulo tresnani.
Kepanggihan maleh kalihan kulo sak rombongan wayang. Wayange ora sekotak neng sekombongan. Sowan mriki badhe paring panglipur mugi panjenengan sami mboten kabur amargi cariosipun radhi ngawur.
Ing adicoro . . . dalu meniko kulo sak rombongan badhe nyaosaken carito saking jawa tengah wonten seri lakon RORO JONGGRANG..
Kawiwit saking negari ijo royo-royo gemah ripah loh jinawi ayem tentrem kerto rahadjo, aranipun Kerajaan Pengging ingkang jumeneng nata Prabu Damar Maya ingkang nggegadahi putra kakung Pangeran Bandung Bondowoso kang sekti mandraguna.
Cendek carito Ing wayah dalu tumeko nawala saking kerajaan prambanan ingkang isinipun prabu Damar Maya kedah maringaken utawi tunduk marang kuasanipun kerajaan Prambanan. Wiwit saking mriku dadosaken perang gegempuran ing tegal kurusetra. Akeh perjurit Pengging gugur kusumaning bangsa. Prabu Damar Maya banjur dhawuh marang Putro pangeran bandung Bondowoso supados jumeneng senopati lan maju ing palagan.
Saget o Pangeran Bandung Bondowoso ngasoraken prabu baka lan wadya balanipun ??. Kita saksikan kisah selanjutnya di TKP . .

Adegan 1

PB                    : “ hee.. poro perjurit. neng ngarep kae ono musuh segunung anak’an, Dadi.. siro
  kabeh ojo wedi, tinggal sajangkah kraton pengging biso kwasanan. Perjurit
  ganyang pepalang kae” serbuu…. !!
BB                    : “mandek.. “
PB                    : “sopo kowe.. bocah bagus ?? “
BB                    : “ Bandung Bondowoso, senopati Kerajaan Pengging. bali takon, kowe sopo“
PB                    : “ Prabu Baka, sumingkir o gus ojo ngalangi dalanku “
BB                    : “ ora keno mbacut, wani mbacut gemlundung mustakamu “
PB                    : “ wani kowe karo ak ?? “
BB                    : “ agamu kang tak wedheni”
PB                    : “ bosen urip kowe ?? rene tak bondho tak tugel janggamu “
BB                    : “ yen biso langkahi bangkaiku “
PB                    : “ ora suwe gus, ojo takon doso tampanen kridaku mblesat igamu “
BB                    : “ Malang bandung suroboyo, ojo umuk gagi buktekno “
  ( PB lan BB banjur perang gegempuran )
BB                    : “ lontong diketok2, isomu omong tok “
PG                    : “ loh . . .” ( PG Kaget ngerti sang Prabu Baka Gugur )
BB                    : “ perjurit. . .”
Perjurit          : “ siap kapten “
BB                    : “ prabu baka uwis gugur, saiki ayo mbacot ing sajroning keraton prambanan, ojo
  nganti ono perjurit prambanan kang siso..”

Nyurupi Prabu Baka Gugur marang astane Bandung Bandowoso, sang patih Gupala colong laku tinggal glanggang bali ing keraton prambanan matur marang putri Prabu Baka inggih meniko sang ayu Roro Jonggrang supados ninggalaken keraton prambanan. Lagi wae matur ing kahanan, pangeran Bandung Bondowoso uwis oyak2 soko jabaneng kedaton. Bagaimanakah cerita selanjutnya ?? Kita simak ceritanya di TKP . . .

Adegan 2

Dayang 2        : “ mbakyu.. mbakyu…”
Dayang 1        : “ ono opo ? ora ngerti wong lg nyapu iki..”
Dayang 2        : “ mbakyu ngerti opo ora ?? “
Dayang 1        : “ ngerti opo ?? ”
Dayang 2        : “ kui lo gusti putri roro, wis ono pirang2 dino iki mung nglamen wae”
Dayang 1        : “ rene tak kandani..”
Dayang 2        : “ bok kandani opo mbak yu..??(DD nembe bisik2, roro jonggrang ws ono mburine)
RJ                   : “ ehm,, ehm,,”
Dayang 1        : “ ech,, gusti putri..” ( RJ banjur lungguh )
RJ                   : “ bisik2 lagi podo rerasan opo mbok “
Dayang 1        : “ mboten,, gusti putri “
Dayang 2        : “ mekaten gusti, sampun wonten pinten2 dinten gusti tansah ngalamun lan
  ngurung diri. Menopo ingkang dados penggalihipun panjenengan ??”
RJ                   : “ mbok.. wis setengah candra rama baka anggone mangkat perang, Nanging
  durung ono warta “
Dayang 1        : “ ampun gusti, mirengake warta simbok pariworo . Ingkang rama nglajengaken
  perang tanding klawan pangeran bandung bondowoso putra Prabu Damar Maya
  ingkang pilih tanding. Nanging gusti putri kahuningo ingkang rama meniko inggih
  salah sawijining satrio ingkang sekti mondroguno “
RJ                   : “ mengkono yo mbok, “ mugo2 rama biso ngasoraken BB !! ”
Dayang 1        : “ inggih gusti putri “

Durung suwe anggone putri Roro Jonggrang nyandang roso, patih gupolo mlebu ing kaputren gowo warta sedaneing Prabu Baka. Sak kolo kaget penggalihi sang roro jonggrang. Bagaimanakah ekpresiny, lanjut di TKP . . .

GP                    : “ ketiwasan gusti “ (nafas ngos2an)
RJ                   : “ wonten menopo paman patih “
GP                    : “ Ketiwasan gusti “
RJ                   : “ inggih paman, wonten perkawis menopo ?? “ cobo paman matur ingkang ceto “
Dayang 1        : “ gusti patih kui teko2 ambekane prenggosan koyo maling pitek konangan “
  ” mbok yo ambekane kui ditoto ndisek, lagi matur sing nggenah “
Dayang 2        : “ kene gusti tak iwangi noto ambekane “ Tarik nafas.. lepas ‘ tarik lagi.. lepas “
  “ halah mbakone metu kabeh..” “ saiki diombeni, nyoohhhh “(digrojog banyu)
PG                    : “ woh. . danyang edan “
RJ                   : “ mbok.. ojo podo mengkono marang paman patih ” “ Pripun paman ??”
PG                    : “ Duh piye iki ??“ Gusti Prabu Anu..
RJ                   : “ anu,, anu menopo Paman, matur o sing ceto “
PG                    : “ Gusti Parbu, ech,, Gusti Prabu “
RJ                   : “ Kanjeng Rama kengeng Menapa paman ?? “ (Penasaran)
PG                    : “ Gusti prabu Baka Gugur ing Palagan “
RJ                   : “ opo . . Rama Prabu gugur??” Alhamdulillah…”
DD                   : “ ndoh kog bapak e sedo kog Alhamdulillah “
RJ                   : “ maksudku inalillahi wainnalillahi ro’jiun ““ maaf mbok khilaf, hehehe..”
  “ sopo sing nyedani rama prabu paman ?? ”
PG                    : “ Pangeran Bandung Bondowoso Gusti “
RJ                   : “ banjur Saiki kepripun paman ??“ ( bingung )
PG                    : “saderengipun pangeran bandung bondowoso nyerbu ing kraton. monggo
  Gusti, kulo aturi medal saking keraton”
RJ                   : “ monggo, paman dateng ngajeng “
(tiba2 BB dan Prajurit sudah didepan keraton)
BB                    : “ angkat tangan “ hhhhhh “ tangkap mereka “
Perjurit          : “ siaaap . .”
RJ                   : “ lepaskan,, lepaskan . . “ ( jerit meronta RJ menolak ditangkap )
BB                    : “ perjurit,, sing iki bagianku “ hhhhh.. sopo kowe wong ayu ?? “
RJ                   : “ aku Roro Jonggrang,, kowe sopo wani2 tumindak koyo mengkene “
BB                    : “ hhhh… aku bandung bondowoso “
RJ                   : “ ohh… kowe sing wani nyedani ramaku “ terima kasih ”( jabat tangan BB )
BB                    : “ putri iki koyone kenek rabies, pak ane mati mlah terima kasih karo ak “
  ( Bandung Bondung Bondowoso kpd perjurit  dan tertawa )
                          “ wong ayu saiki kowe dadi boyonganku, tak dadekno bojoku “
RJ                   : “ emoh.. “ ( RJ melarikan diri )
BB                    : “ wong ayu.. ojo malyu “ prajurit penjarakan mereka “
Perjurit 1       : “ siap kapten “ “ ayo jalan..”

Pangeran bandung bondowoso banjur nututi playune roro jonggrang nganti tekan ing sak jroning taman, roro jonggrang tibo koyo bocah cilik..!! Bagaimanakah crita selanjutnya ?? kita lihat di TKP…

Adegan 3

RJ                   : “ auuuu….” ( terjatuh, menangis tersedu )
BB                    : “ hhhh tibo..!! cucian dech looo..!! ” ( mendekati RJ ) “ gk usah jaim, ayo tangi “
( brusaha memberi bantuan kpd RJ untuk berdiri )
RJ                   : “ ora sudi “
BB                    : “ wong ayu, ojo susah atimu, kowe bakal tak mulyake uripmu “
RJ                   : “ kowe uwis nyedani wong tuaku, saiki anak e rep bok pek bojo !! “ ra dwe isin “
BB                    : “ aku wis kebacot tresno kowe wong ayu “
RJ                   : “ nangeng aku ora seneng kowe, mbok ojo mekso “
BB                    : “ mulo yen kowe ora gelem tak pekso, banjur saiki kowe gelem o tak pek bojo “
RJ                   : “ emmohhh.. “ ( lagu kanggo Riko
BB                    : “ wong ayu, gelem o tak pek bojo “
RJ                   : “ Aku gelem bog dadekke bojomu, yen kowe biso nyembadhani pamundutku “
BB                    : “ opo penjalokmu wong ayu ?? emas picis rojo brono, pengging negoro sugih.
  Klambi apik, nko tak tukokno neng nggone lek darmo. Hhhhh… “
  “ nek duwit njupok dwe neng ATM”
RJ                   : “ ora,, aku ora pengen kui kabeh “ yen pancen kowe tresno marang aku. “
1.     Kowe kudu biso nggawe sumur jalatunda
2.    Pungkasan kowe kudu biso mbangun sewu candi ing wektu swengi
  Yen kowe biso nglakoni sisane perkoro kui, aku sagoh kawengku garwo.
BB                    : “ yen kui sing dadi pamundutmu, aku sagoh nanging kowe kudu teguh ing Janji.
  bandung bondowoso wujudti panyuwunmu “
BB                    : “ wujud sumur uwis tak sembadhani “
RJ                   : “ kulo pitados niat lan tresnamu marang aku, nanging ora mung cukop semono.
  Yen pancen sumur kui ono banyu bening aku njalok kowe mlebu pundhutke  
  banyu tanpo jalaran liya - liyane nanging mung nggawe tanganmu.
BB                    : “ mengkono penjalokmu,, ntenono sawetoro wong ayu..” (BB nyemplung sumur)
PG                   : “ gusti putri,,”
RJ                   : “ paman Patih “
PG                    : “ Kulo gusti putri “ BB ??”
RJ                   : “ inggih paman, amargi abot bobot tresnane marang aku, BB saget kulo perjoyo
  ngantos purun mundhutake toyo bening, nangeng ora keno jalaran soko liya –
  liyane kejobo ngagem astanipun piambak “
PG                    : “ banjur BB mlebet ing sajroning sumur meniko “
RJ                   : “ inggih Paman “
PG                    : “ salajengipun kados pundi gusti putri “
RJ                   : “ saiki uruk ono sumur iki paman, supados dados pejahipun BB “
  ( RJ & PG banjur ninggalke sumur )
BB                    : “ hmmm.. ora ngiro ora nyono, jebul elok pasuryanmu ora podo jroning  atimu..
   yooh.. iki tak nggo pengiling-iling jonggrang...”

BB kang wis nyandang wuyung banjor sagoh nyembadhani pamundhute RJ, nanging RJ kang ora tersno tego mbudidoyo nganti uruk bb ing sajroning sumur supoyo dados pejahing BB. Nangeng sawise kedadean iku, ing wayah wengi RJ ora biso tentrem penggalihe. Banjur sabab menopo ingkang dadosaken risang penggalih e sang RJ ?? selajengipun monggo pirsani di TKP..




Adegan 4

Dayang 2        : “ ampun Gusti putri, mbok emban ingkang sowan “
RJ                   : “ wonten menopo mbok emban. . ?? “
Dayang 2        : “ katiwasan gusti, kawulo nyurupi pangeran BB medal saking sumur ingkang dipun
  uruk, banjur pangeran BB sameniko sampun badhe paripurno anggenipun
  bangun sewu candi ingkang dados pemundhute gusti putri“
RJ                   : “ opo.. ( kaget ) ora kliru mbok anggonmu matur. “
Dayang 2        : “ leres gusti “ pangeran BB inggih dipun bantu dening poro jin lan lelembut “
RJ                   : “ kepiye iki mbok..??”( bingung penggalihe RJ ) “ mbok timbaloke paman patih “
dayang 2        : “ inggih gusti “
PG                    : “ kawulo katimbalan gusti putri.. “ dawuh menopo ingkang kedah kawulo tampi “
RJ                   : “ paman patih lan poro perjurit nyingsingo ono sisih wetan lan gawe Obong2
  supoyo koyo2 dino ws mancik isok paman “
PG                    : “ siaaappp… hhhhh “
RJ                   : “ Sing ati2 lakumu paman “ mbok derekake aku ngempalake poro danyang
  lan wanito ing dusun sopoyo sami nabuh lesung“
Dayang 2        : “ kulo derek’aken gusti ”

PG ingkang dipun titahi dening RJ banjur budal ing sisih wetan lan RJ lan pandereke sami ngempalaken poro wanito ing dusun. Sedoyo badhe dhamel2 supoyo BB ora biso mujudtake op ingkang dados panyuwune RJ. Apakah usaha yang dilakukan meraka bisa berhasil ?? kita lihat kelanjutannya di TKP…

Adegan 5

BB                    : “



Lelembut        : “ nyadong dhawoh pangeran “
BB                    : “ hee,, poro jin lan lelembut, ak gawekno sewu candi lan kudu tutuk wengi iki “
Lelembut”       : “ oookkee… “ ( kokok ayam lan tabuh lesung )

BB bingung penggalih e amargi poro lelembut ingkang paring pambianto sami ninggalake pakaryan sawise krungu lesung tinabuh dening poro wanito dusun. Cerita selajengipun di TKP

RJ                   : “ bandung ..”
BB                    : “ oh.. wong ayu..”
RJ                   : “ opo kowe wis biso nyembadhani sing dadi penjalokku  ??”
BB                    : “ opo sing ora  biso aku mujudtake. Sewu candi kui perkoro Gampang,
  Opo maneh kanggo sliramu  wong ayu “
RJ                   : “ opo iyo, ak kepengen mangertosi opo uwis jangkep cacahi e candi iki “
BB                    : “ yen kowe ora percoyo aku, itungen dewe “
( RJ dipun dherekake poro danyang banjur ngitung cacahipun candi, nanging cacahipun taseh kirang satunggal. Sakolo RJ duko marang BB )
RJ                   : “ mbok mbok..“ aku nggumun candi semene kae doyan mangan sego kabeh “
Dayang 1        : “ hadewh.. meniko penonton gusti, mboten candi  
Dayang 2        : “ gusti gusti,, candi sing iki unik, nek mringis ketok untune tok, mripate plera
  plero koyo wedos klegen suket “ ( turun panggung )
Dayang 1        : “ husss.. gak oleh ngunu, gak elok.. “
RJ                   : “ mbok ayo bali,,” ngerti o bandung, candi iki cacah e durung jangkep sewu. Dadi
  kowe ws slenco ing janji“
BB                    : “ yoh.. ak ora selak “ nangeng iku kabeh kowe sing njalari. Spisan Naliko ak
jupok banyu ing sajroning sumur, banjur kowe uruk sumur iku supoyo dadining  
patiku.   Neng ak ngempet sabar.. “ nanging saiki ws ilang sabarku. Lg wae jam
10 kowe uwis printah marang poro wanito podo nabuh lesung, dadi koyo2 wengi
iki ws  wanci esok.“ kanggo kurangane candi iki, kooweee sing jangkepi
jonggrang...”

RJ ingkang elok pasuryane nanging atine kebak budi candolo dipun kutuk deneng BB dados reco minongko jangkepane sewu candi ingkang dados pamundutipun  piambak
Cekap semanten seri lakon dalu meniko. Mugi2 saking carito meniko saget dados pengiling2 dhumateng poro adik2 lan sedulur2 sedoyo marang budoyo negari.

Pungkasane neng kono gunong neng kene gunong tengah-tengah e pulau jawa, wayange bingung lah dalah dalang e tambah bingung sing penting bisa ketawa
Nantikan cerita lainnya di jamran Kedewan tahun depan . . . !!



Wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh...




S E K I A N

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Naskah Drama Ciung Wanara